« Computer Test | Depan | Unreg ZipFolder »

Sareh Ing Penggalih

Dino-dino iki aku wes arang nulis ndek blog, opo maneh ndandani. Embuh, lek diarani males yo ora, sakjane seh pengen ngisi. Nanging kok yo ora mesti kelakon. Masio saben dino koneksi wes cemepak ndek ngarepan, paling aku cuma mbuka-mbuka sediluk, terus tutup maneh.

Tanggungan ndek kantor yo wes kegarap kabeh. Pak juragan saben dino menehi penggawean, yo iso tak marekno sak naliko. Malah saiki panjenengane nggae domain anyar. Sing wingi isek anyar, nanging saiki wes anyar maneh. Embuh arep gawe opo, domain sak mono akehe. Tapi jenenge wong nduwe duit, lan nduwe karepan pisan, kabeh iso dilakoni karo wonge.

Mbalek maneh...
Aku sakmarine ndandani http://www.bengkelprogram.com iku, sak jane kepikiran nambahi fitur anyar. Tapi sik mandeg ndek utek. Gak metu-metu.
Dilakoni disek sak isone.

Lek aku ngiro, lelakon sing ruwet iki ono hubungane karo pitungan nemlikur. Tapi yo embuh maneh. Miturut Pak Tajjuddin wingi, kabeh wes diatur, kene kari ngelakoni sak becike piye. Yo wes lah, iku iso nggae padange atiku, ora kelenger nemen-nemen keno pitungan iku.

Mungkin sak umpomo didelok teko grafike lelakonku, saiki posisi mendekati limit (bates, red) ngisor. Mungguhe kitiran, aku nembe ndek bagian ngisor. Opo kudu mandeg? kan yo ora.
Tapi arep ngeyel kepriye, lek jatahe pancen ngene, yo kudu ditrimo.
Sak liane iku, ugo kudu ngerampah sak isone. Lek mbendinane mangan sego, lek saiki onone cuman gaplek, yo iku disek dipangan. Karo nggolek dalan, supoyo ora mangan gaplek terus.
Lek isik durung iso tuku sego, yo munggah sithik, mangan kancane sego jagung.

Yo wes, sangu pancen ora bakal cukup, tapi mbalek ing catetan:
"La yukhallifullahu nafsan illa wus'aha" gabung karo "Innallaha la yughayyiru ma bi kaumin hatta yughayyiru ma bianfusihim", mugo-mugo iso dadi sarehe penggalih iki. Amin.

^:)^ ^:)^ ^:)^


Baru ada 1 komentar saja

vnuzday pada February 10, 2006 11:01 PM menulis:

Amin...

Sangu kangge opo?? Rabi??

Balas Komentar Ini

Isi Komentar




  Isi Smiley


Pencarian

Komentar Terbaru

December 2021

Mg Sn Sl Rb Km Jm Sb
      1 2 3 4
5 6 7 8 9 10 11
12 13 14 15 16 17 18
19 20 21 22 23 24 25
26 27 28 29 30 31  

Kategori

Arsip

Aryo Sanjaya

Tinggalkan Pesan

Kisah Mahesa Jenar

Kisah dari Tanah Jawa, tentang perjalanan diri Mahesa Jenar.
Download:
Naga Sasra & Sabuk Inten
atau di sini:
download dari SaveFile.com
Theme by: Magic Paper
Didukung oleh
Movable Type 6.3.10


Aryo Sanjaya

Sindikasi